thumbnail

DONGENG KIDANG KENCANA, KANCIL LAN MERAK, LALABUHANE KALA MARICA BERBAHASA JAWA

 


đź“– Bacaan 1: KIDANG KENCANA

Basa JawaBahasa Indonesia
Sawijining kewan alasan memper wedhus, nanging ulese mrusuh kuning nemu giring arane kidang kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda lan kidang liyane, dheweke duwe prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencuté sapa kang wuninga. Mungguh sapa sejatine kang mba-memba dadi kidang iki, ora liya abdi kinasih, hiya pothète negara Ngalengka, kang ora ana liya kajaba Ditya Kala Marica. Kapinujon timbalan dening Sang Prabu Rahwana, mungguh perlune wis suwe anggone saguh bakal methukake karo salah sijine pawongan titisane Widowati.Suatu hari seekor binatang hutan yang mirip kambing, tetapi kulitnya berwarna kuning keemasan bernama Rusa Emas (Kidang Kencana). Jangan dianggap rusa biasa, karena berbeda dengan rusa lainnya; ia memiliki pengaruh besar hingga membuat siapapun yang melihatnya terpikat. Siapa sebenarnya yang menjelma menjadi rusa ini? Tidak lain adalah abdi kesayangan, yaitu patih Kerajaan Alengka, bernama Kala Marica. Ia mendapat perintah dari Prabu Rahwana untuk menemui seseorang yang merupakan titisan Widowati.
“He, Marica, sira iku mung janji-janji thok ora ana kasunyatane. Seprana seprene tinemune mung wuwus, buktine ora ana. Mangka sing dakimpi ora ana liya wanodya ing satumahing bantala iki ingkang dadi memaniking atiku kejaba mung titising Widowati. Aku wis jeleh, aku wis bosen nyawang kowe, aku wis ora ngugu rembugan kang elok-elok nanging jebol amung lamisan. Supaya ora nyepet-nyepeti mripatku, aluwung dina iki klakon dakuntapake nyawamu neng Yomani,” kapiyarsa pangandikane Prabu Dasamuka.“Hai Marica, kau hanya pandai berjanji tanpa bukti. Ke sana kemari hanya bicara, tapi tidak ada hasil. Padahal yang kuinginkan hanyalah wanita di seluruh bumi ini yang menjadi dambaan hatiku, yaitu titisan Widowati. Aku sudah muak, bosan melihatmu, tidak percaya lagi dengan omonganmu yang indah namun hanya palsu. Daripada menyakiti mataku, lebih baik hari ini juga aku cabut nyawamu di Yomani,” demikian sabda Prabu Dasamuka.
Mak brebet age-age Kala Marica nrungekebi pangkone Prabu Dasamuka lan ngrerepa: “Adhuh Gusti sesembahan kula, inggih pepundhen kula ingkang mahambeg welas asih mring dasih. Mugi kacandheta saking sawetawis, dereng kemawon kula nunjuk atur wonten ngrsa dalem kaselak paduka andukani dhateng pun Marica. Yektosipun inggih wiwit dinten punika kula angsal sisik melik menggah sinten pawongan ingkang dados titising Widowati.”Mendadak Kala Marica merebahkan diri di pangkuan Prabu Dasamuka seraya meratap: “Aduh Gusti sembahanku, sesembahan yang penuh kasih sayang. Mohon ditahan sebentar, karena saya akan melapor. Sebenarnya sejak hari ini saya sudah mendapat petunjuk tentang siapa orang yang menjadi titisan Widowati.”
Lagi tekan kene ucape, bramantyane Prabu Dasamuka sirna. “Lhaa, ha ha, ha. Rak ya ngono. Saiki mula enggal prasajaa, pawongan kuwi jenenge sapa lan wis duwe bojo apa durung, panggonane ana ngendi Marica. Aja sing mung legan, nadyan wis duweya bojo pisan aku saguh megatake.”Begitu mendengar itu, kemarahan Prabu Dasamuka sirna. “Lha ha ha, begitu dong. Sekarang segera jelaskan, orang itu siapa namanya, sudah punya suami atau belum, di mana tempatnya Marica. Jangan hanya asal-asalan, meskipun sudah bersuami pun aku sanggup menceraikannya.”
“Inggih sareh rumiyin. Panggènanipun wonten ing wana Dhandhaka, piyambakipun sampun gadhah garwa naminipun Sri Rama, dene nami pun Dewi Sinta. Wonten ing wana ngriku sajakipun lelana, kadherekaken kadangipun taruna nami pun Raden Lesmana, rupinipun sadaya tanpa cacad. Ingkang sepuh, ingkang enom, punapa dene Dewi Sinta, sampun prasasat widadari ngejawantah.”“Baik, mohon sabar dahulu. Tempatnya di Hutan Dhandaka, ia sudah bersuami bernama Sri Rama, sedang istrinya bernama Dewi Sinta. Di hutan itu mereka sedang mengembara, ditemani adik ipar laki-laki bernama Raden Lesmana. Wajah mereka semua tanpa cacat. Yang tua, yang muda, apalagi Dewi Sinta, sudah seperti bidadari turun ke bumi.”
Bungah Sang Dasamuka: “Lha yen ngono prayoga didhusta wae, sepira banggane wong wadon, krubyuk kabotan pinujung.”Senanglah Dasamuka: “Kalau begitu sebaiknya diculik saja. Biarpun perempuan itu megah dan terhormat, tidak masalah.”
Nanging Kala Marica menggak, prayoga dicedhaki dhisik, yen wis ketemu gampang mangke ana cara kang prayoga amrih bisane kena. Ora gantalan wektu wong loro padha budhal menyang alas Dhandhaka, panggonane para satriya padha cangkrama.Namun Kala Marica menolak. Sebaiknya didekati dulu, jika sudah bertemu nanti akan ada cara yang tepat agar tujuan tercapai. Tak lama kemudian mereka berdua berangkat ke Hutan Dhandaka, tempat para kesatria sedang bertamasya.
Nahenta kawuwusa kang enak-enak padha lelalen ana kono, Sri Rama lan Dewi Sinta apa dene Raden Lesmana padha kesimur dene ndeleng sesawangan alas kang endah. Alas kene akeh tetanduran kang uwohe enak pinangan kayadene rambutan, dhuku, jambu lan liya-liyane, tur akeh kewane cilik-cilik kang endah-endah, kaya ta merak, kancil, lan sabangsane. Iku kabeh dadi panglipur kasangsaraning batine Rama apa dene Dewi Sinta lan Lesmana. Sadina dina nutug nggone lelalen ana ngalas.Khabarkanlah kisah mereka yang sedang asyik di sana. Sri Rama, Dewi Sinta, dan Raden Lesmana sangat terpesona melihat pemandangan hutan yang indah. Hutan ini banyak tumbuhan buahnya enak dimakan seperti rambutan, duku, jambu, dan lain-lain; juga banyak binatang kecil yang indah, misalnya merak, kancil, dan sejenisnya. Semua itu menjadi penghibur kesedihan hati Rama, Dewi Sinta, dan Lesmana. Sepanjang hari mereka bersenang-senang di hutan.
Kacarita lakune Prabu Dasamuka lan Kala Marica wis tekan kono, nuli padha gawe cara. Si Marica malih dadi kidang kencana, dene Prabu Dasamuka dadi wong tuwa pikun. Sawise andum gawe, si kidang nuli ngeridhu Sang Dewi, kidange ethok-ethok lulut, nanging bareng diparani nuli lumayu, mangkono sateruse, nganti gaole panggalihe Dewi Sinta. Nuli ngrerepa marang Sri Rama supaya bisa nyekelake si kidang mau. Ing sekawit Sri Rama mopo, nanging suwe-suwe banjur gelem.Maka diceritakan, Prabu Dasamuka dan Kala Marica sudah sampai di sana, lalu mereka membuat siasat. Marica berubah menjadi rusa emas, sedangkan Dasamuka menjadi kakek tua pikun. Setelah membagi tugas, si rusa menggoda Sang Dewi. Rusa itu pura-pura jinak, tetapi ketika didekati ia lari, begitu seterusnya hingga membuat Dewi Sinta tergiur. Dewi Sinta lalu memohon kepada Sri Rama supaya rusa itu ditangkap. Awalnya Sri Rama menolak, tetapi akhirnya bersedia.
Kocapa lakune si kidang ora pati adoh, mung tansah cacaketan wae, nanging mripat kang mancereng tansah maspadakake mungsuhe. Bareng Sri Rama rumangsa diece karo si kidang, gregeten banjur musthi mempaning, dienerake marang si kidang, nanging si kidang weruh saklebatan nuli nggeblas nglungani. Sajroning ilang saka pandulu, si kidang gawe swara kang melas asih nganti bisa gawe trenyuh panggalihe Dewi Sinta. Mangkono swara mau dibolan-baleni, nganti kawelasaning panggalihe Dewi Sinta tumuju marang Raden Lesmana.Dikisahkan, larinya si rusa tidak jauh, hanya tetap mendekat, tetapi matanya selalu awas mengawasi musuh. Ketika Sri Rama merasa diejek oleh si rusa, ia naik pitam lalu membidikkan panahnya ke arah rusa itu. Namun si rusa melihat sekilas lalu melesat pergi. Di saat menghilang dari pandangan, si rusa mengeluarkan suara pilu yang membuat hati Dewi Sinta tersentuh. Suara itu diulang-ulang hingga Dewi Sinta merasa iba dan memerintahkan Raden Lesmana.
“Mangko ta adhiku bocah bagus Lesmana, jeneng sira apa ora midhanget swara kang melas asih kae, kae swarane ingkang raka Sri Rama kang njaluk tulung. Mula yayi sira enggal lumakuwa, mesakake banget, mung bot-bote nututi lakune si kidang wae direwangi lara lapa kaya ngana kae.”“Cobalah, adikku Lesmana yang tampan. Apakah kau tidak mendengar suara pilu itu? Itu suara kakakmu Sri Rama yang minta tolong. Maka cepatlah kau pergi, sangat mengenaskan, hanya karena mengejar rusa itu dia menderita begini.”
Ature Lesmana: “Kawula nuwun kakang mbok, punika sanes swantenipun kakang mas Sri Rama, nanging swantenipun jubriksa ingkang mba-memba swantenipun kangmas Sri Rama.”Jawab Lesmana: “Ampun, Kakak ipar, itu bukan suara Kakak Mas Sri Rama, melainkan suara jin jahat yang meniru suara Kangmas Sri Rama.”
Beda klawan panemune Raden Lesmana, Sang Dewi ngarani yen kuwi swarane ingkang raka Sri Rama, kamangka sejatine dudu. Jalaran Raden Lesmana wus darbe rasa jatimulya, ingkang ora kadarbe dening sapa wae. Dewi Sinta tetep kukuh marang panemune yen swara kang melas asih kae swarane Sri Rama. Mula banjur thukul panggalih kang ora becik, kinira yen Raden Lesmana darbe karep ora prayoga marang dheweke.Berbeda dengan pendapat Lesmana, Sang Dewi mengira itu suara Sri Rama, padahal sebenarnya bukan. Karena Lesmana telah memiliki rasa jatimulya (keistimewaan batin) yang tidak dimiliki siapa pun. Dewi Sinta tetap pada pendiriannya bahwa suara pilu itu adalah suara Sri Rama. Maka timbullah pikiran buruk, disangkanya Lesmana memiliki niat tidak baik terhadap dirinya.
Luput pandakwane Dewi Sinta, mula Raden Lesmana nuli bramantya. Raden Lesmana banjur ngunus pusaka kinarya nigas ponang palandhungane, diasta digawe garis bunder ngubengi papan panggonane Dewi Sinta, sarwi nyuwatani: “Kakangmbok sampun ngucapake pangandikan bilih kula kadakwa mboten sae, tandhanipun sampun kula wujudi palandhungan kula, sampun kula jabut. Lan kakangmbok yen medal saking garis, badhe nemahi bilahi,” nggone ngendika mangkono karo mlaku ninggalake papan panggonane Dewi Sinta.Karena tuduhan Dewi Sinta tidak benar, Lesmana menjadi murka. Lesmana lalu menghunus pusakanya untuk memotong tongkatnya, dibawanya membuat garis melingkari tempat Dewi Sinta seraya berkata: “Kakak ipar telah mengucapkan perkataan bahwa saya dituduh tidak baik. Buktinya sudah saya wujudkan: tongkat saya sudah saya cabut. Dan jika Kakak ipar keluar dari garis ini, akan mendapat bencana.” Demikian ucapnya sambil berjalan meninggalkan tempat Dewi Sinta.

đź“– Bacaan 2. Kancil lan Merak

Basa JawaBahasa Indonesia
Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi peni, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga teparone Merak padha mara menyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira, kalebu Kancil.Merak memang suka berdandan. Oleh sebab itu selalu mempesona. Bulunya tampak indah elok, menyenangkan siapa pun yang melihat. Maka tidak sedikit tetangga Merak yang datang ke rumah Merak untuk belajar berbusana dan bersolek, termasuk Kancil.
“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Aku ingin bisa mempunyai pakaian bulu sepertimu, Rak,” kata Kancil kepada Merak.
“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.“Pakaian bulu yang melekat di tubuhku ini adalah pemberian Tuhan Yang Menciptakan Alam. Aku hanya ditugasi merawat dan menjaganya supaya tetap tampak indah,” jawab Merak dengan tenang.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Kesukaanku berdandan dan merawat keindahan ini hanya wujud rasa syukurku kepada Tuhan!” ucapnya tanpa sedikit pun rasa sombong.
“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.“Supaya buluku bisa menjadi seperti bulumu, bagaimana caranya?” tanya Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku lan kowe ki mung sadrema nglakoni. Apa kang dadi peparinging Pangeran kudu tinampa kanthi ikhlas,” wangsulane Merak.“Sulitlah, Cil! Aku dan kau hanya menjalani apa adanya. Apa yang menjadi pemberian Tuhan harus diterima dengan ikhlas,” jawab Merak.
“Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”“Lagipula semua yang melekat pada tubuh ini, pasti berguna bagi diri sendiri. Yang ada padaku belum tentu ada padamu, begitu juga sebaliknya, Cil. Bulu coklatmu itu pasti berguna bagimu!”
Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak.Namun Kancil tampak iri melihat keindahan bulu Merak.
“Piguna apa?” Sawise megen napas sawetara banjur ngrundel, “senajan piguna nyatane wuluku letheg! Aku luwih bunga yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang.”“Berguna apa?” Setelah menghela napas, ia lalu bersungut, “meskipun berguna, kenyataannya buluku jelek! Aku lebih senang kalau buluku bisa sepertimu! Setiap hewan tidak betah melihatku.”
“Kuwi rak mung saka pangrimatmu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” kandhane Merak, “sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”“Itu hanya dari perasaanmu sendiri. Namun tidak begitu, Cil!” kata Merak, “karena setiap hewan sudah ditakdirkan sendiri-sendiri! Termasuk soal bulu! Buluku begini, bulumu begitu, bulu Harimau, bulu Gajah, dan hewan-hewan lainnya tidak ada yang sama!”
Senajan akeh-akehe Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulune Merak.Meskipun Merak sudah berkali-kali menjelaskan, namun hal itu tidak bisa membendung keinginan Kancil untuk memiliki bulu seperti bulu Merak.
“Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.“Terserah kau, Rak! Aku hanya minta tolong supaya aku bisa memiliki bulu sepertimu!” kata Kancil setengah memaksa.
Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil.Merak menggeleng-geleng heran dengan keinginan Kancil.
“Saumpama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Andai kata bisa, nanti kau jadi hewan apa?” tanya Merak.
“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Hewan apa saja terserah yang mau memberi nama! Hanya kira-kira bisa tidak, Rak?” tanya Kancil mendesak, tidak sabar.
“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Bisa saja, tetapi hanya imitasi! Tempelan!”
“Ora masalah!” Kancil bunga, “ndang dipasang!”“Tidak masalah!” Kancil berseri, “segera dipasang!”
“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Ya sabar, Cil! Aku harus mengumpulkan bulu-bulu rontokku dan bulu-bulu keluargaku.”
“Terus kapan?”“Terus kapan?”
“Udakara rong mingguan.”“Kira-kira dua mingguan.”
“Taktunggu, Rak!” ujare Kancil banjur nerusake lakune.“Kutunggu, Rak!” ujar Kancil lalu melanjutkan perjalanannya.
Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok nguduning, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak endhakake kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Merak hanya melihat sambil tersenyum, “Cil, Kancil. Kalau punya keinginan kau kejar, tanpa menghitung untung dan rugi. Aku harus menuruti keinginannya, sekaligus untuk memberikan pelajaran kepadanya.”
Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”Tibalah hari yang dijanjikan, pagi-pagi sekali Kancil sudah tiba di rumah Merak. “Bagaimana, Rak? Ini sudah dua minggu!”
“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, gilo! Wulu-wulu wis nglumpuk, malah wis dakdhewe-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut. Aku uga wis golek tlutuh wit karet barang kanggo nempelake wulu ing awakmu!”“Berhasil!” jawab Merak sambil menata bulu-bulu yang sudah dikumpulkan, giliran! Bulu-bulu sudah terkumpul, bahkan sudah saya pisah-pisahkan! Bulu badan, bulu sayap, bulu ekor. Aku juga sudah mencari getah pohon karet untuk menempelkan bulu di tubuhmu!”
“Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.“Sudah, cepat dipasang ke tubuhku!” ujar Kancil sambil duduk di kursi dekat Merak.
Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet.Merak lalu mengolesi seluruh kulit Kancil dengan getah karet.
Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nempelake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditempelake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil. Sedina muput, kabeh wulu wis kapasang ing awake Kancil.Setelah dilihat tidak ada yang terlewat, satu per satu Merak menempelkan bulu-bulu sesuai keperluannya. Bulu leher ditempelkan di leher, bulu badan di badan, bulu kaki di kaki, dan bulu ekor juga dipasang di ekor Kancil. Seharian penuh, semua bulu sudah terpasang di tubuh Kancil.
“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem, “kae ana pengilon, kowe ndang ngiloa!”“Selesai, Cil,” ujar Merak sambil tersenyum, “itu ada cermin, kau segera bercerminlah!”
Kancil banjur ngilo. Weruh kahanane awake, dheweke mongkog.Kancil lalu bercermin. Melihat keadaannya, ia pun terkesima.
“Iki sing dakkarepake!” celathune, “aku bakal dadi kewan kang paling endah!”“Ini yang kuinginkan!” serunya, “aku akan menjadi hewan yang paling indah!”
“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong, “mung saja nganti kaendahan mau malah ngeridhu lakumu.”“Benar katamu, Cil. Dan tidak ada yang menandingi!” Merak menyanjung, “hanya saja keindahan itu nanti justru mengganggu perjalananmu.”
“Ngeridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngeridhu!”“Mengganggu bagaimana? Masa yang bagus begini kok mengganggu!”
“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”“Lho, bulu-bulu itu hanya tempelan. Jelas akan memberatkan tubuhmu!”
Kancil ora nggagas, malah gage pamitan.Kancil tidak menghiraukan, malah segera pamit.
“Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak ingin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sudah, Rak. Aku pamit! Dan terima kasih atas kebaikanmu, aku sangat ingin memamerkan keadaanku sekarang!”

Pesan moral / Piwulang:

  • KIDANG KENCANA: Aja gampang kepengin marang barang kang durung diweruhi; kudu sabar lan ngrungokakĂ© pitutur.

  • KANCIL LAN MERAK: Saben makhluk duwĂ© kaluwihan dhĂ©wĂ©-dhĂ©wĂ©; syukuri apa sing wis diparingakĂ© dĂ©ning Gusti.


đź“– Bacaan 3. LALABUHANE KALA MARICA

(Kematian Kala Marica)

Basa JawaBahasa Indonesia
Nalika Rahwana duwe karep andhustha Dewi Sinta, sing dijaluki pitulungan yaiku Kala Marica. Kala Marica iku abdi kinasihe Rahwana sing mapan ana alas Dandaka.Ketika Rahwana memiliki niat jahat untuk menculik Dewi Sinta, orang yang dimintai bantuan adalah Kala Marica. Kala Marica merupakan abdi kesayangan Rahwana yang tinggal di Hutan Dandaka.
"Kala Marica, ingsun kepengin anggarwa Dewi Sinta, garwane Raden Rama. Mula saka kuwi aku njaluk pitulunganmu.""Kala Marica, aku ingin menjadikan Dewi Sinta, istri Raden Rama, sebagai istriku. Karena itu aku meminta bantuanmu."
"Gusti, menapa menika tumindak ingkang sae?""Gusti, apakah tindakan itu baik?"
"Aku ora butuh piwulangmu. Sing dakbutuhake pitulunganmu nyolong Dewi Sinta.""Aku tidak membutuhkan nasihatmu. Yang kubutuhkan adalah bantuanmu untuk menculik Dewi Sinta."
"Kula kedah tumindak kados pundi, gusti. Raden Rama tuhu sekti mandraguna. Menapa kula saged andhustha Dewi Sinta?""Apa yang harus saya lakukan, Gusti? Raden Rama sangat sakti. Bagaimana mungkin saya dapat menculik Dewi Sinta?"
"Nganggo cara.""Dengan cara apa pun."
"Caranipun kadospundi, Gusti?""Bagaimana caranya, Gusti?"
"Kowe luwih ngerti. Ora susah dakajari kowe mesthi wis ngerti.""Kamu lebih tahu. Tidak perlu aku ajari, pasti kamu sudah mengerti."
Kala Marica meneng. Pikirane digunakake kanggo golek cara supaya bisa nyolong Dewi Sinta. Nanging ora enggal ketemu carane. Sing diaturake marang Rahwana malah seje. Amarga Kala Marica wis ngerti marang kasektene Raden Rama mula dheweke ora nyarujuki kekarepane Rahwana. Kala Marica malah mrayogakake marang Rahwana supaya murungake kekarepan sing ala kasebut.Kala Marica terdiam. Ia memikirkan cara agar dapat menculik Dewi Sinta. Namun ia tidak segera menemukan caranya. Bahkan, yang disampaikan kepada Rahwana justru berbeda. Karena mengetahui kesaktian Raden Rama, Kala Marica tidak menyetujui keinginan Rahwana. Ia malah menyarankan agar Rahwana mengurungkan niat jahat tersebut.
Ature Kala Marica mangkene, "Nyuwun pangapunten gusti. Manawi sedya paduka punika saestu kaleksanan, mesthi badhe andadosaken kuceming asma paduka. Sarta ugi badhe andadosaken leburing negari Alengka saha para raksasa."Kala Marica berkata, "Mohon maaf, Gusti. Jika keinginan Paduka benar-benar terlaksana, hal itu akan mencemarkan nama baik Paduka. Selain itu, juga akan menyebabkan kehancuran Negeri Alengka dan para raksasa."
Rahwana nampa ature Kala Marica. Kekarepane arep andhustha Dewi Sinta diwurungake. Rahwana banjur bali menyang Alengka. Sarpakenaka mapagake tekane Rahwana. Sabab dheweke ngerti manawa Rahwana ora sida nyolong Dewi Sinta. Kanthi gunem manis, Sarpakenaka angglembuk Rahwana supaya nyolong Dewi Sinta. Jalaran pangglembuke Sarpakenaka kasebut kekarepan ala sing maune wis sirep bali mubal maneh.Rahwana menerima nasihat Kala Marica. Keinginannya untuk menculik Dewi Sinta dibatalkan. Ia lalu kembali ke Alengka. Sarpakenaka menyambut kedatangannya karena mengetahui bahwa Rahwana tidak jadi menculik Dewi Sinta. Dengan kata-kata manis, Sarpakenaka membujuk Rahwana agar tetap menculik Dewi Sinta. Akibat bujukan itu, niat jahat yang sempat padam kembali muncul.
Rahwana banjur bali maneh menyang alas Dandaka nemoni Kala Marica. Sepisan iki Kala Marica ngerti manawa kekarepane Rahwana ora bisa diendhakake maneh. Yen dheweke ora gelem nindakake panjaluke Rahwana nyawane bakal ilang, nanging yen nindakake nyawane uga bakal sirna dening Raden Rama. Kala Marica dheleg-dheleg.Rahwana kembali lagi ke Hutan Dandaka menemui Kala Marica. Kali ini Kala Marica sadar bahwa keinginan Rahwana tidak dapat dicegah lagi. Jika ia menolak permintaan Rahwana, nyawanya akan melayang. Namun jika menurutinya, ia juga akan mati di tangan Raden Rama. Kala Marica pun bimbang.
"Kala Marica, piye kesaguhanmu?" pitakone Rahwana."Kala Marica, bagaimana kesanggupanmu?" tanya Rahwana.
"Inggih, gusti. Kula badhe ngestokake dhawuh timbalan paduka. Sendika, gusti.""Baik, Gusti. Saya akan melaksanakan perintah Paduka. Saya patuh, Gusti."
Kasaguhane Kala Marica didhasari dening panemune manawa dheweke rumangsa untung manawa mati ing tangane satriya tinimbang ing tangane raseksa sing jahat.Kesediaan Kala Marica didasari keyakinannya bahwa lebih baik mati di tangan seorang ksatria daripada di tangan raksasa yang jahat.
Kanthi amemba kidang kencana, Kala Marica nyaketi papan dununge Raden Rama, Dewi Sinta, lan Raden Lesmana. Kala Marica malih dadi kidang kencana iku jalaran dheweke ngerti manawa Dewi Sinta seneng banget marang kewan sing endah.Dengan menjelma menjadi kijang emas, Kala Marica mendekati tempat tinggal Raden Rama, Dewi Sinta, dan Raden Lesmana. Ia berubah menjadi kijang emas karena mengetahui bahwa Dewi Sinta sangat menyukai hewan yang indah.
"Dewi Sinta mesthi bakal njaluk supaya nyekel aku. Raden Rama banjur mburu aku lan ngadoh, ninggalake Dewi Sinta. Dene Raden Lesmana uga bakal ninggalake Dewi Sinta samangsa aku mengko dipanah dening Raden Rama. Aku bakal mbengok saemper swarane Raden Rama. Dewi Sinta mesthi ngira yen sing mbengok iku Raden Rama, lan banjur ngutus Raden Lesmana marani dununge swaraku sing memeper Raden Rama. Kanthi mangkono Prabu Rahwana kanthi gampang andhustha Dewi Sinta.""Dewi Sinta pasti akan meminta supaya aku ditangkap. Raden Rama lalu akan memburuku dan menjauh, meninggalkan Dewi Sinta. Demikian pula Raden Lesmana akan meninggalkan Dewi Sinta ketika nanti aku dipanah oleh Raden Rama. Aku akan berteriak meniru suara Raden Rama. Dewi Sinta pasti mengira yang berteriak itu adalah Raden Rama, lalu menyuruh Raden Lesmana mendatangi sumber suaraku yang mirip Raden Rama. Dengan demikian, Prabu Rahwana dengan mudah menculik Dewi Sinta."
Kidang kencana kuwi endah banget. Ulese sing kuning emas iku mencorong merga kesorot sunare srengenge ing wanci esuk kuwi. Metu saka grumbul sinambi nyenggut mlaku alon-alon nyaketi dununge satriya Ayodya tetelu. Kanggo narik kawigaten, mlayu mlayu lan mlumpat-mlumpat ing sacedhake Dewi Sinta sajak kepengin ngajak gegojegan.Kijang emas itu sangat indah. Bulunya yang berwarna kuning keemasan berkilau terkena sinar matahari pagi. Ia keluar dari semak-semak sambil berjalan perlahan mendekati tempat ketiga kesatria Ayodya. Untuk menarik perhatian, ia berlari-lari kecil dan melompat-lompat di dekat Dewi Sinta seolah ingin mengajak bercanda.
Dewi Sinta nyaketi kidang kencana nanging si kidang malah ngadoh sajak anggodha sang dewi. Si kidang banjur nyaketi Dewi Sinta maneh. Bareng sang dewi nedya nyekel, si kidang ngadoh. Tingkah sing kaya mangkono iku bola-bali ditindakake kidang kencana, njalari sang dewi saya kepengin anggone nyekel. Nanging ora bisa. Wusana matur marang Raden Rama.Dewi Sinta mendekati kijang emas itu, tetapi si kijang justru menjauh seolah menggoda sang dewi. Si kijang lalu mendekati Dewi Sinta lagi. Ketika sang dewi hendak menangkap, si kijang menjauh. Tingkah seperti itu berulang kali dilakukan kijang emas, membuat sang dewi semakin ingin menangkapnya. Namun tidak bisa. Akhirnya ia berkata kepada Raden Rama.
"Raden, mbok inggihha kidang menika kacepengan kanggo klangenan kula.""Raden, tolonglah tangkap kijang itu untuk menjadi peliharaanku."
"Yayi, kuwi kidang alasan. Angel anggone nyekel." ngendikane Raden Rama."Adinda, itu kijang liar. Sulit menangkapnya," kata Raden Rama.
"Nanging Raden, kula kepengin sanget anggadhahi kidang menika." ngendikane Dewi Sinta sinambi anangis."Tetapi Raden, saya sangat ingin memilikinya," kata Dewi Sinta sambil menangis.
"Ya, wis, yayi. Pun kakang bakal minangkani panjalukmu.""Baiklah, Adinda. Kakanda akan memenuhi permintaanmu."
Raden Rama wusanane banjur amburu kidang kencana. Nanging sadurunge ninggalake papan kuwi meling marang Raden Lesmana: "Dhimas, aja pisa-pisan sira ninggalake mbakyumu ijen ana alas iki. Alas iki alas sing gawat keliwat-liwat. Jaganen kaslametane mbakyumu."Raden Rama akhirnya memburu kijang emas. Namun sebelum meninggalkan tempat itu, ia berpesan kepada Raden Lesmana: "Dikmas, jangan sekali-kali kau tinggalkan kakak iparmu sendirian di hutan ini. Hutan ini sangat berbahaya. Jagalah keselamatan kakak iparmu."
"Inggih, sendika dhawuh, kakangmas.""Baik, aku patuh pada perintah, Kakangmas."
Pangrekane Kala Marica ya si kidang kencana kasil. Raden Rama amburu dheweke. Saya suwe saya adoh playune kidang kencana tumuju tengahe alas. Gandheng si kidang angel dicandhak, mula Raden Rama banjur anglepasake panah. Panah tumama ing anggane kidang kencana. Sanalika iku si kidang anjerit sora. Kidang kencana malih wujud bali dadi Kala Marica. Kala Marica nemahi pralaya.Rencana Kala Marica, yaitu si kijang emas, berhasil. Raden Rama memburunya. Semakin lama semakin jauh larinya menuju tengah hutan. Karena kijang itu sulit ditangkap, Raden Rama melepaskan panahnya. Panah mengenai tubuh kijang emas. Saat itu juga si kijang menjerit keras. Kijang emas berubah wujud kembali menjadi Kala Marica. Kala Marica pun menemui ajalnya.
Krungu pambengoke si kidang, Dewi Sinta banjur utusan Raden Lesmana tumuju dununge swara kasebut. Manut pangrungune Dewi Sinta lan uga Raden Lesmana, iku swara pambengoke Raden Rama.Mendengar jeritan kijang itu, Dewi Sinta lalu menyuruh Raden Lesmana menuju ke arah suara tersebut. Menurut pendengaran Dewi Sinta, itu adalah suara jeritan Raden Rama.
"Dhimas Lesmana, enggal tungkanen marang dununge swara kae. Kae swara panjerite garwaku Raden Rama, dhimas.""Dikmas Lesmana, segera pergilah ke arah suara itu. Itu suara jeritan suamiku Raden Rama, Dikmas."
"Boten kakang embok. Kula sampun nampi dhawuhipun Kakangmas Rama. Kula boten kepareng nilar paduka piyambakan ing mriki.""Tidak, Kakang Embok. Saya sudah menerima perintah Kakangmas Rama. Saya tidak diperbolehkan meninggalkan Paduka sendirian di sini."
"Nanging adhi. Kowe apa ora mesakake kadangmu sing njerit sora kaya ngana kae. Raden Rama mesthi nandhang kacilakan.""Tetapi Dikmas. Apakah kau tidak kasihan pada kakakmu yang menjerit keras seperti itu? Raden Rama pasti mengalami kecelakaan."
Raden Lesmana meneng. Ing batine mbenerake ngendikane Dewi Sinta. Nanging Raden Lesmana ora wani dhawuhe Raden Rama.Raden Lesmana diam. Di dalam hatinya ia membenarkan perkataan Dewi Sinta. Namun ia tidak berani melanggar perintah Raden Rama.
"Dhimas Lesmana. Enggal tungkanen kadangmu sepuh sing nandhang raga.""Dikmas Lesmana. Cepatlah tolong kakakmu yang sedang menderita."
Sawise ditimbang-timbang, Raden Lesmana banjur matur: "Inggih, kakang embok, sendika. Nanging paduka sampun miyos saking rajah ingkang badhe kula damel."Setelah dipikir-pikir, Raden Lesmana lalu berkata: "Baik, Kakang Embok, saya patuh. Tetapi Paduka jangan keluar dari garis pelindung yang akan saya buat."
"Iya, Dhimas. Enggal tindakna.""Iya, Dikmas. Cepatlah pergi."
Raden Lesmana banjur gawe rajah kanggo mageri Dewi Sinta supaya ora ana bab sing bakal gawe cilakane Dewi Sinta. Sabanjure Raden Lesmana budhal tumuju dununge swarane Raden Rama.Raden Lesmana lalu membuat garis pelindung (rajah) untuk melindungi Dewi Sinta agar tidak ada sesuatu yang mencelakakannya. Setelah itu Raden Lesmana berangkat menuju arah suara Raden Rama.
Sapungkure Raden Lesmana ana brahmana sing nyaketi papane Dewi Sinta. Brahmana kasebut wis tuwa banget lan ringkih ragane.Setelah Raden Lesmana pergi, datanglah seorang brahmana yang mendekati tempat Dewi Sinta. Brahmana itu sudah sangat tua dan tubuhnya lemah.
"Sang dewi, menapa panjenengan kersa maringi tetedhan dhumateng kula." guneme sang brahmana."Wahai Dewi, sudikah Anda memberi saya sedikit makanan?" kata sang brahmana.
Ngerti ana brahmana sing nyuwun tur sajak ringkih lan guneme lirih memelas, Dewi Sinta kecanthok penggalihe. Dewi Sinta mesakake marang kaanane sang brahmana.Mendengar ada brahmana yang meminta dengan tubuh lemah dan suara lirih memelas, Dewi Sinta terketuk hatinya. Dewi Sinta merasa iba terhadap keadaan sang brahmana.
"Sang brahmana, kula aturi nyaket mriki. Mangga kula aturi dhaharan.""Wahai Brahmana, silakan mendekat ke sini. Mari akan saya beri makanan."
Sang brahmana banjur nyedhak. Nanging ora bisa nyedhak jalaran nabrak pager rajah sing digawe Raden Lesmana. Bola-bali sang brahmana ngupaya nyedhaki sang dewi nanging meksa ora bisa.Sang brahmana lalu mendekat. Namun ia tidak bisa mendekat karena terbentur pagar rajah yang dibuat Raden Lesmana. Berulang kali sang brahmana berusaha mendekati sang dewi tetapi tetap tidak bisa.
Pirsa kaya mangkono iku Dewi Sinta banjur nyaketi sang brahmana sing ana ing sanjabane garis rajah. Bareng wis cedhak, Dewi Sinta ngulungake astane saprelu maringi pangan. Nanging saeba kagete manah sang dewi. Astane sang dewi kacandhak dening sang brahmana banjur kaglandhang metu menyang sanjabane pager rajah.Melihat kejadian seperti itu, Dewi Sinta lalu mendekati sang brahmana yang berada di luar garis rajah. Ketika sudah dekat, Dewi Sinta mengulurkan tangannya untuk memberi makanan. Namun betapa terkejutnya hati sang dewi. Tangannya ditangkap oleh sang brahmana lalu diseret keluar dari pagar rajah.
Sang brahmana ngguyu lakak-lakak banjur malih wujud dadi Rahwana. Dewi Sinta kagendhong mabur ing awang-awang tumuju menyang negara Alengka.Sang brahmana tertawa terbahak-bahak lalu berubah wujud menjadi Rahwana. Dewi Sinta digendong dan dibawa terbang di angkasa menuju Negeri Alengka.

Piwulang / Pesan moral:

  • Aja gampang iba tanpa waspada, amerga bisa dadi sarana wong liya kang duwe niat ala.

  • NgrungokakĂ© pitutur wong kang luwih weruh iku penting, minangka pangayoman saka bebaya.

  • Kadhang kala, pati ing tangan satriya kang adil luwih mulya tinimbang urip ngabdi marang panguwasa kang ala.

Subscribe by Email

Follow Updates Articles from This Blog via Email

No Comments