Tampilkan postingan dengan label VII. Tampilkan semua postingan
thumbnail

Wulangan 2 Semester Ganep Kelas 7 Tembang Dolanan

 


Wulangan 2 Semester Ganep Kelas 7

Tembang Dolanan

Lagu dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Nanging, biasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamane ing padesan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane lan bias dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah ditepungake bab sato kewan, kewan iwen, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lansapanunggalane.

Para siswa saiki wayahe wulangan Lagu Dolanan. Coba semaken lagu dolanan ngisor iki!

 

Bang-bang Rahina. Pelog 5


Krengket gerat geret, krengket gerat geret,

nimba aneng sumur sumur sumur

adus gebyar gebyur, segere kepati

segere kepati kepati

bingah bagas kuwarasan

 

A. Teges Tembung

bang-bang       : abang-abang

rahina              : rina, awan

muncul             : katon

sunar                : sorot

sumamburat     : semburat

krengket gerat-geret : swarane timba

aneng               : ana ing

kepati              : banget

bingah             : seneng

bagas kuwarasan : sehat, waras

 

B. Isine Tembang

Wayah esuk srengenge katon semburat abang, pratandha srengenge wis arep muncul. Ing wayah iku keprungu swara manuk oceh-ocehan. Wayahe wong miwiti pakaryan. Ing wayah esuk jaman biyen menawa arep adus kudu nimba luwih dhisik.

 

C. Piwulang Budi Pakarti

1. Tangi esuk iku akeh pigunane tumrap kasarasan.

2. Mangerteni kaendahan alam ciptaning Gusti kang akarya jagad.

3. Ngulinakake adus esuk iku apik kanggo kasarasan.

4 Wong kepengin kepenak kudu gelem rekasane.

  

Ana bocah gundhul dhul

Lunga menyang pasar

Nyunggi nyunggi wakul karo gembelengan

Mlaku ing tengah dalan ora wedi bebayan

Wakule ngglimpang dadi sak ratan

Aja nangis ndhul, mundhak tambah gundhul (2x)

 

Piwulang budi pakarti:

a. Tumindak sembrana bakal cilaka lan rugi wekasane. Mula yen nyambut gawe aja sembrana.

b. Dadi manungsa bisaa rumangsa, aja rumangsa bisa. Yen bisa rumangsa (ngrumangsani marang kahanane dhewe) mesthi bakal lembah manah, tepa salira, nanging rumangsa bisa bakal kumalungkung.

 

Tegese tembung:

Gundhul          : sirahe ora duwe rambut

Pacul               : alat kanggo ngedhuk/maculi lemah

Gembelengan  : sembrana, disambi gojeg

Nyunggi          : nggawa barang ditumpangake ing sirah

Wakul              : wadhah sega

Ngglimpang    : tiba, ketumplak, wutah

Saklatar           : saambane latar

 

Padhang Bulan

Yo prakanca dolanan ing jaba

Padhang bulan padhange kaya rina

Rembulane ne wis ngawe awe

Ngelingake aja padha turu sore

 

Piwulang budi pakarti:

a. Tansah syukur marang ngarsane Gusti, amarga isih diparingi weruh ngrasakake kaendahaning alam.

b. Aja kakehan turu sore, wektu sore iku isih bisa kanggo makarya.

 

Tegese tembung:

Prakanca          : para kanca

Jaba                 : latar, kiwa tengen omah

Rina                 : awan

ngawe-awe      : ngajak

 

Isi :

Tembang dolanan padhang bulan ngandhut makna religius (keagamaan). Wosing lagu dolanan kasebut yaiku manungsa kudu tansah atur panuwun marang Gusti kang Maha Kuwasa kang paring kaendahaning alam kang bisa dirasakake. Kanggo asok rasa syukur mau kanthi ngibadah nindakake kabeh dhawuhe Gusti, utamane nindakake kabeh perintahe lan ngedohi kabeh larangane.

 

Menthog-menthog

Menthog-menthog tak kandhani

Mung rupamu angisin-isini

Mbokya aja ngetok ana kandhang wae

Enak-enak ngorok ora nyambut gawe

Menthog-menthog mung lakumu

Megal-megol gawe guyu

 

Isi :

Menthog-menthog ngemu teges mangerteni marang awake dhewe (instropeksi diri). Dadi manungsa ora kena umuk, amarga sejatine kabeh titah kang ana ing donya iki kuwasaning Allah. Prayogane mbudidaya nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhane urip, ora kesed, ora mung seneng turu. Wong sing seneng turu kuwi awake lemes, otot kaku, gampang kena memala, rejeking ora lancar, Wong urip kudu tansah tumindak becik marang liyan. Ing syair lagu dolanan kasebut dipindhakake menthog, senajan kesed, duwe watak ala, lan seneng turu, ananging isih duwe watak becik kang migunani marang wong liya, yaiku aweh panglipur kang agawe guyu.

 

Ilir-ilir

Lir ilir tandure wus sumilir

tak ijo royo-royo

tak sengguh temanten anyar

cah angon cah angon

penekna blimbing kuwi

lunyu-lunyu penekna

kanggo masuh dodotira

dodotira-dodotira kumitir bedhah ing pinggir

dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore

mumpung jembar kalangane

mumpung padhang rembulane

ya suraka .... surak hiyo...

 

Tegese tembung:

tak sengguh     : tak dongakke

masuh              : ngumbah

dodot              : bebed, jarit

kumitir             : kumlebet

jlumatana         : dondomana

 

Piwulang budi pakarti:

a. Ngibadah kanthi tenanan manut agama.

b. Kanggo nggayuh pepenginan kang becik akeh pacobane.

c. Kanggo nggayuh kamulyan akeh pepalange.

d. Yen kebacut tumindak ala enggala nyuwun pangapura (manungsa /Gusti) kanthi tobat banjur tumindaka kang becik, supaya bisa nutup tumindak ala.

e. Mumpung isih ana wektu lan kalodhangan kang amba (ing alam donya) padha tumindak sing becik kanggo sanguning pati sadurunge Gusti nimbali ing alam kelanggengan.

f. Yen bisa kaya mangkono iku,ing alam kelanggengan bakal nemu kepenak (swarga) lan bisa seneng atine (surak surak hore).

 

Isi :

Lagu dolanan lir-lir ngandhut teges religius (keagamaan). Wondene teges kang kaemot ing lagu kasebut yaiku minangka manungsa kudu gumregah, tangi saka kasangsaran lan tansah njaga keimanan supaya oleh kabagyan kaya dene bagyane pengantin anyar. Panjaluk marang bocah angon supaya methik blimbing mau ateges perintah shalat limang wektu. Pambudidaya nindakake rukun Islam kanthi tumemen sanajan ana pepalang. Paribasan nganti sandhangane suwek kana kene nanging kita minangka umat diajab supaya bisa ndandani lan nambah kandeling iman lan taqwa supaya bisa nindakake dhawuhe pangeran.

 

Suwe Ora Jamu

Suwe ora jamu

jamu godhong tela

Suwe ora ketemu

ketemu pisan gawe gela

 

suwe ora jamu

jamu godhong bayem

suwe ora ketemu

ketemu pisan tambah ayem

 

Piwulang budi pakarti:

a. Ketemu sedulur sing wis suwe ora ketemu, becike sing nyenengake tumindake lan tetembungane.

b. Nyambung tali silaturahim migunani banget kanggo lestarining bebrayan

 

CUBLAK-CUBLAK SUWENG

Cublak-cublak suweng,

Suwenge ting gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak empong lera lere

Sapa ngguyu ndhelikake

Sir-sir pong dhele gosong

Sir-sir pong dhele gosong

 

Tegese tembung:

ting gelenter    : pating slebar/bececer

ketundhung     : dikon lunga

pak glempong  : sebutan

lera-lere           : digelar/diratakake

 

Piwulang budi pakarti:

a. Dolanan cublak-Cublak suweng ora mung ijen, bebarengan karo kancane. Mula dadi bocah sing rukun karo kancane.

b. Bocah sing dadi kudu nggoleki gaco sing ana ing genggemane kanca. Anggone nggoleki bola-bali nganti ketemu. Yen salah bocah mau dadi maneh, utawa diukum njoget utawa nyanyi. Iki nuduhake menawa kanggo nggayuh gegayuhan (cita-cita) kudu kanthi usaha, ora wedi rekasa lan pacoban.

c. Ing dolanan kasebut, tangan-tangan padha nggegem kanggo mbingungake ngapusi bocah sing dadi. Nalika gegemane tangan dibukak salah, kabeh padha surak. Budi pekertine dadi bocah aja sok ngapusi lan ngece kanca nanging tumindaka jujur supaya luhur.

Sepuran

Sinten numpak sepur lunga nyang Kediri

wong niki sepur dhur bayare setali

sapa trima nggonceng konangan kondhektur

yen didhendha kenceng napa boten kojur

sinten numpak sepur lunga dhateng Nganjuk

sinten pengin makmur aja seneng umuk.


Tegese tembung:

Sepur         : kereta

sepur dhur : terusan tanpa mandheg

setali           : 25 sen (1 rupiah = 100 sen)

kondhektur : paraga sing naliti karcis ing sepur

didhendha   : dikon bayar amarga nindakake kesalahan

kenceng      : dibayar sanalika

kojur            : cilaka    

umuk           : sombong, semangkeang

 

Piwulang budi pakarti:

1.      Kabeh gegayuhan mbutuhake pangurbanan(wektu, tenaga, pikiran).

2.      Sing sabar bakale subur, tegese bisa katekan gegayuhane(cita-cita).

3.      Becik ketiktik ala ketara, tegese tumindak ala utawa becik tundhane bakal dimangerteni wong liya.



Yen wis mahami wulangan ing dhuwur banjur garapen pitakonan ing ngisor iki!


thumbnail

Wulangan 1 Semester Genap Kelas 7 Geguritan

 


WULANGAN 1 SEMESTER GENEP KELAS VII GEGURITAN

I.     Tegese Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung "gurit", kang ateges tulisan. Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrak anyar, amarga ora kaiket ing aturan kaya dene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana angen-angen (ilham/inspirasi). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Pangangen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake panganggit.

Kanthi mengkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Geguritan iku duweni piwulang kang bisa kapethik kanthi jarwakake luwih dhisik. Njarwakake geguritan iku ateges ngudhari ukara-ukara geguritan iku supaya isine bisa dimangerteni.

Titikane/tetengere geguritan:

1.Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah

2. Mentes yaiku tembunge duwe teges kang jero

3. Endah ngemu purwakanthi swara, purwakanthi sastra utawa purwakanthi basa.

4. Tembung-tembunge pilihan.

 

II.       Bab kang perlu digatekake nalika maca geguritan supaya anggone maca katon endah yaiku:

1.  Siyaga mental sadurunge munggah panggung, swasana ati lan pikiran kudu wening tumuju ing isine geguritan sing arep diwaca.

2.  Nggagapi isine geguritan sadurunge maju kudu wis ngerti isine geguritan, yaiku seneng, sedhih, keduwung, nesu, Isp.

3.  Maca geguritan ing panggung biasane kanggo wong sing lagi gladhen utawa durung tau munggah panggung, akeh-akehe ngalami dhemam panggung/ndredheg. Carane kanggo ngilangi rasa ndredheg mau kanthi unjal ambegan landhung kaping telu.

 

III.    Paugeran nalika maca geguritan, yaiku:

1.  Wicara: pocapan yaiku dhong-dhinge swara. Pamacane geguritan, pocapan (lafal) kudu cetha, ora kena groyok, rangu-rangu. Kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener. Pocapan kang teteh lan cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung, pupaya benér anggone maca geguritan.

2.  Wirama (irama/lagu) munggah-mudhun swara, banter alon, lan cetha utawa samar nalika maca geguritan.

3.  Wirasa (penghayatan) kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu.

4.  Wiraga yaiku patrap (sikap) obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan.

 

Kagatekna tuladha geuritan ngisor iki:

Dayaning Pustaka

dening: Sri Winarti

Pustaka minangka cendhelane donya,

korining ngelmu lan pangawikan,

sanajan wujude ora mingsra,

nanging duwe daya,

agawe wasis, lantip, lan pana,

pustaka bisa dadi obor lan pepadhang,

dadi pandoming agesang,

dadi teken tumuju gebyaring panyawang,

murih wegig lan manjila,

murih jembar ing wawasan,

cecepen saliring pangawikan

kang kaemot ing kapustakan,

kabeh gegayuhan bakal kasembadan,

cedhak ing kamulyan lan kabagyan,

yen kuwagang mbabar seserepan.

(Djaka Lodang no 06 tanggal 11 Juli 2015)

Kawruh basa

Teges tembung

Tembung

Tegese

Pustaka

Buku

Korining

Lawang

Pangawikan

kawruh, seserepan

ora mingsra

ora apik

Wasis

Pinter

Lantip

Pinter

Pana

ngerti, paham

Pandoming

piranti kanggo nyumurupi arah

Panyawang

pandeleng

Wegig

pinter, kendel

Manjila

pinunjul

Dicecep

diombe sethithik

Saliring

sakabehe

Kaemot

kapacak

Gegayuhan

cita-cita

Kasembadan

kelakon

Kuwagang

Kuwat

Seserepan

kawruh

 

 

IV.    Nulis Geguritan

Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrag anyar, amarga ora kaiket ing paugeran kaya tembang, dene endahing geguritan iku dumunung ing;

1. Endahing ukara kang cocog karo isining karangan.

2. Pilihan tembung-tembung kang mentes lan pantes.

3. Nggunakake wirama lan basa (purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan sapanunggalane).

Geguritan iku salah sawijining asil kasusastran Jawa modhern. Sapa wae bias gawe geguritan. Nganggit utawa ngarang geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa nyritakake kahanan kang tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone.

Gawe geguritan sejatine gampang, ananging akeh kang kudu digatekake supaya nengsemake nalika diwaca lan gampang dipahami. Carane gawe geguritan urut-urutane kasebut ing ngisor iki:

1. Nemtokake tema utawa underaning gagasan.

Pilihen tema sing dikarepake minangka paugeran sajrone gawe geguritan supaya luwih nengsemake. Tema geguritan akeh banget. Sabisa-bisane pilihen tema sing banget nengsemake. Sawise nemtokake tema, sabanjure nemtokake irah-irahan sing ana sambung rapete karo tema.

2. Nemtokake tembung wigati (kata kunci)

Sawise nemtokake tema, sabanjure yaiku nemtokake tembung wigati lan sabanjure mekarake tembung kasebut. Upamane menawa underaning gagasan musibah banjir, sabanjure yaiku nggolek tembung wigati sing ana gegayutane karo musibah banjir kasebut upamane: keli, wedi, bubrah, mblasah, musibah, musna, ilang, lan sapanunggalane.

Tembung wigati kasebut nduweni teges sing raket gayutane karo musibah banjir. Menawa tembung wigati kasebut wis dirasa cukup kanggo miwiti gawe geguritan sabanjure kari ngrembakakake dadi ukara utawa gatra geguritan. Upamane tembung wigati siji digunakakake kanggo salarik. Bisa uga satembung wigati dadi sapada (sak bait).

3.  Migunakake lelewaning basa

Nulis geguritan nggunakake lelewaning basa, kayata; pepindhan, paribasan, sanepa, wangsalan lan sapanunggalane.

4. Ngrembakakake geguritan saapik-apike.

Sabanjure ngrembakaake tetembungan dadi geguritan kang endah. Tatanen tembung-tembung dadi sawijining geguritan sing utuh lan ana maknane.

5. Geguritan iku kudu ringkes mentes lan uga endah. Pilihen tembung sing pas sing bisa makili kaendahan lan uga teges kang mentes. Supaya rerangkening tembung ing geguritan katon endah, bisa migunakake purwakanthi.

Purwakanthi/runtuting peranganing(bagian) tembung ana warna 3 yaiku:

1. Purwakanthi guru swara

Tuladha purwakanthi swara:

ana sega ana upa (runtuting swara a)

gemi, setiti, ngati-ati (runtuting swara i)

2. Purwakanthi guru sastra

Tuladha purwakanthi sastra:

ririh ruruh rereh (runtuting konsonan r lan h)

bibit, bobot, bebet (runtuting konsonan b lan t)

3. Purwakanthi guru basa/lumaksita (runtuting tembung)

Tuladha purwakanthi lumaksita:

para mudha, mudha mudhining nagara (runtuting tembung mudha)

bayem arda, ardane ngrasuk busana (runtuting tembung arda)

Referensi: Kartika Basa Kelas VII


Yen wis rampung mahami materi, banjur garapen Penilaian Pengetahuan ngisor iki: