thumbnail

Wulangan 1 Semester Genep Kelas VIII Geguritan

 


GEGURITAN

I.  Tegese Geguritan

Geguritan yaiku wedharing rasa pangrasa kang diwujudake ing karya sastra kang mardika (bebas), ora kaiket aturan-aturan tartamtu kaya dene tembang macapat. Geguritan uga diarani Puisi Jawa Modern. Ing puisi jawa modern iki, panulis bisa nelakake apa kang dideleng, apa kang dirasakake, pepenginane, lan liya-liyane.

 

Gatekna tuladha geguritan ing ngisor iki!

Kidung Saka Gunung

dening Woro Puspa

Adoh saka kutha

adoh saka punjering warta

sandhingku gumuk watu, kayu-kayu waru

kiwa tengenku alas gung umyeg tetuwuhan lan manuk tuwu

adoh saka ratu

adoh saka toko lan papan blanja kang ngono iku

daksawang kali mawa kemriciking banyu

dakrasa adheming hawa ing langit kang isih biru

daksesep madu kembang kabak ing semu

rumesep ing pandulu

sumringah bungah ing kalbu

aku mung bocah nggunung

kemulku sarung sarapanku jagung

aku ora pinter gawe kidung

ora wasis nulis ngetung

amung bisa tetulung bapa biyung

nderes, apek cengkeh, nglumpukake kleyung

apa aku bisa ngepelake epek-epekku

kanggo nggayuh panjangkaku?

apa kena aku duwe pangarep-arep

kanggo uripku ing tembe ngarep?

apa oleh aku nglumpukake cipta

kareben padha karo kanca-kanca?

apa bisa aku nyembadani

pasrawungan kang butuh rerenggan edi peni?

watu, gunung, sato kewan lan tetuwuhan

mitra rowangku ing wengi awan

bakal dakjaga salawase jaman

ja keterjang program perumahan

ja ketunjang proyek pelebaran

ja kegusur ngedegake pabrikan

dimen tetep mili weninging warih

supaya lestari wilising winih

(wanci tumiyuping samirana katiga)

      Kawruh Basa

a. punjering wartategese pancering kabar ( pusating pawarta)

b. gumuk tegese gunung cilik

c. kemriciking banyu tegese suara kemricik saka ilining banyu

d. kidung tegese tembang

e. wasis tegese pinter

f. nderes tegese amek legening krambil

g. ngepelake epek-epekku tegese ngepel driji tangan ing epek-epek

h. pangarep-arep tegese panjangka

i. cipta tegesse gagasan, pangangen-angen

j. nyembadani tegese nyukupi, nuruti

k. rerenggan tegese pacakan, pajangan

l. edi peni tegese sarwa becik sarta arang anane

m. sato tegese kewan

n. tetuwuhan tegese thethukulan, wit-witan

o. mitra tegese kanca

p. rowang tegese kanca

q. keterjang tegese ketunjang, ketabrak

r. warih tegese banyu

s. lestari tegese tetep ana

t. wilis tegese ijo tuwa

 

II.  Purwakanthi

Coba digatekake pada(bait) kaping 2 kang dumadi saka limang gatra lan kapungkasan swara u. Iku mujudake tuladha kang diarani purwakanthi. Geguritan kang becik ora kudu migunakake purwakanthi, nanging migunakake purwakanthi bisa nambahi endahing geguritan. Kalamun diwaca nambahi resep, kepenak dirungokake lan nandhes ing pangrasa.

Minangka tambahan sesurupan, purwakanthi saka tembung purwa kang ateges wiwitan lan kanthi ateges gandheng. Mula saka iku purwakanthi bisa ditegesi runtute swara ing ukara, wanda, utawa tembung ing ngarep nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

Miturut wujude, purwakanthi ana 3, yaiku:

1. Purwakanthi guru swara (kang diambali aksara swarane)

Tuladha:

Ajining dhiri gumantung kedaling lathi. (runtut ing swara i)

Desa mawa cara negara mawa tata. (runtut ing swara a)

Inggah-inggih ora kepanggih,(runtut ing swara i)

Saeka praya ing sedya. (runtut ing swara a)

Saeka kapti ing pakarti.(runtut ing swara i)

2. Purwakanthi guru sastra (kang diambali aksara mati utawa konsonan)

Tuladha:

Sluman slumun slamet.(runtut ing hurup sl lan m)

Waras wiris wareg (runtut ing hurup w lan r)

Yekti sepi asepa lir sepah samun. (runtut ing hurup s lan p)

Anggereng anggung gumunggung. (runtut ing ngg)

Tindak tanduk tutur kang kalantur.

3. Purwakanthi basa utawa lumaksita (sing diambali padha tembunge)

Tuladha:

Bayem arda, ardane ngrasuk busana. (runtut ing tembung arda)

Janur gunung, gunung geni lor Ngayoja. (runtut ing tembung gunung)

Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka. (runtut ing tembung wastra)

Mangkana ngelmu kang nyata, nyatane weh reseping ati. (runtut ing tembung nyata)

Urip Iki ora angel, angele sok ginawe dhewe. (runtut ing tembung angel)

 

III. Mangerteni Isine Geguritan

Saupama para siswa ditakoni apa karep utawa isine geguritan kasebut? Menawa lagi maca ora sithik kang mangsuli, Ya embuh, akeh tetembungan kang ora ngerti tegese." Kanggo mangerteni utawa paham isi geguritan pancen ora gampang, amarga geguritan pancen dudu crita kang tetembungane wantah, nanging tembung-tembunge pilihan, mentes, lan nduweni teges entar(kias). Ana sawetara pítuduh kang bisa katindakake murih gampang nintingi geguritan, yaiku:

1. Digatekake irah-irahan utawa judhule. Irah-irahan minangka cendhela kanggo anguk-anguk kaya ngapa utawa kepriye isine geguritan. Irah-irahan minangka gambaran apa kang diwedharake ing geguritan.

2. Nyoba mangerteni tegese tembung mbaka tembung, kalebu tegese tembung entar, tembung kang tegese ora kaya kang disebutake, nanging nduweni teges beda.Upama, adus kringet ora ateges adus nganggo kringet nanging nduweni teges nyambut gawe abot.

3. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, geguritan kasebut bisa didadekake andharan gancaran prosa/parafrase luwih dhisik.

4. Geguritan mono mentes, ora mlaha utawa thok leh apa anane, mula kudu digoleki sari pathi kang dikarepake dening panganggit. Digoleki nuli dionceki.

 

IV.  Maca Geguritan

Latihan dhasar maca geguritan:

1. Latihan maca paling ora kaping telu utawa papat saben irah-irahan/judhul. Maca ing papan kang "terbuka" lan bebas.

2. Latihan pernapasan, bisa nggunakake suwara dhadha lan weteng. Suwara dhadha biasane sora (kanggo nesu, njerit, Isp). Dene suwara weteng biasane kanggo bab-bab kang gawe geter, jero, sedhih, Isp).

3. Latihan ngucapke vocal aksara swara, latihan ngucapke vokal sawanda (dhorrrr, dherrrr, tharrr, hee, hemmm, eh, Isp), rong wanda (geger, teter, mbeler, teler, beser, emper, Isp), telung wanda (laramu, atimu, tapamu kancamu, godhaning, lsp), patang wanda (sesanggeman, gembiraning. tumlawunging. Isp).

4. Latihan pasemon utawa obahing praenan. Upamane mripat merem, mentheleng, panyawang kang landhep utawa malah kosong, digabung karo obahing lambe, pilingan, Isp.

5. Obahing tangan ora perlu sraweyan. Ora kabeh tembung digambarake mawa obahing tangan, samadya wae.

6. Latihan akting: mlaku ing ngarepe kanca-kancane, lungguh ijen, pandeng-pandengan karo kanca, ngguyu, sedhih, Isp.

 

Cathetan nalika maca geguritan:

1 Maca irah-irahan lan jenenge penganggit. Kena diwalik, endi kang dhisik. Iki wajib, kudu.

2. Kena lungguh banjur ngadeg utawa suwalike. Menawa mlaku kudu dislarasake klawan diwaca. irama kapan mandheg kudu ing swasana akting

3. Ngungkurake penonton aja kesuwen, sedhela kena, aja suwe-suwe.

4. Ing wiwitan lan pungkasan maca ora kudu hormat, sanadyan ing lomba. Ora kudu salam, apa maneh ngenalake dhiri pribadine.

5. Menawa ana tembung kang kliwatan ora perlu dibaleni, ora kaya siaran berita ing tv.

 

Paugeran anggone maca geguritan:

Amrih geguritan kang diwaca bisa gampang dipahami lan uga supaya katon nengsemake, mula kudu nggatekake bab-bab ngisor iki:

1. Wicara, kedaling suwara utawa pocapan cetha utawa kurang cetha, apa maneh ora cetha, bijine mesthi beda.

2. Wirama, irama utawa lagu anggone maca, mung lugu wae utawa ana enggak-enggoke kang slaras klawan tetembungane. Ana kang seru, lirih, semangat, nesu, utawa malah ngalentrih sajak nelangsa.

3. Wirasa utawa penghayatan. Rasa iku ana ing batin, nanging menawa maca geguritan kaejawantahake sajroning maca, ora mung dibatin wae. Upamane, maca geguritan kang isine bab kang njalari sedhih mesthine anggone maca ora karo ngguya-ngguyu. Suwara digawe kaya-kaya ati nelangsa lan rinujit-rujit, bisa-bisa kang ngrungokake melu kegawa lan tanpa karasa ngetokake waspa (luh)

4. Wiraga, obahing awak, tangan, sikil, lan praenan. Ora perlu kakehan, kang samadya wae nanging resep dinulu.

 

V.  Nulis Geguritan

Geguritan iku puisi jawa modern utawa puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket mawa paugeran-paugeran tartamtu kaya tembang macapat. Ewa semono tetep kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki:

a. Kawiwitan saka nemtokake underaning gagasan (tema) kang bakal ditulis.

b. Pamilihe tembung trep karo isine geguritan.

c. Migunakake tembung kang mentes.

d. Isine becik, mengku patuladhan utama.

e. Bisa nggunakake basa rinengga (basa kang endah / digawe endah), nggunakake seselan lan purwakanthi.

f. Menawa geguritan diwaca, kudu nggatekake wirama.

 

thumbnail

Wulangan 1 Semester Genap Kelas 7 Geguritan

 


WULANGAN 1 SEMESTER GENEP KELAS VII GEGURITAN

I.     Tegese Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah. Geguritan asale saka tembung "gurit", kang ateges tulisan. Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrak anyar, amarga ora kaiket ing aturan kaya dene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana angen-angen (ilham/inspirasi). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Pangangen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepake panganggit.

Kanthi mengkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyane. Geguritan iku duweni piwulang kang bisa kapethik kanthi jarwakake luwih dhisik. Njarwakake geguritan iku ateges ngudhari ukara-ukara geguritan iku supaya isine bisa dimangerteni.

Titikane/tetengere geguritan:

1.Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah

2. Mentes yaiku tembunge duwe teges kang jero

3. Endah ngemu purwakanthi swara, purwakanthi sastra utawa purwakanthi basa.

4. Tembung-tembunge pilihan.

 

II.       Bab kang perlu digatekake nalika maca geguritan supaya anggone maca katon endah yaiku:

1.  Siyaga mental sadurunge munggah panggung, swasana ati lan pikiran kudu wening tumuju ing isine geguritan sing arep diwaca.

2.  Nggagapi isine geguritan sadurunge maju kudu wis ngerti isine geguritan, yaiku seneng, sedhih, keduwung, nesu, Isp.

3.  Maca geguritan ing panggung biasane kanggo wong sing lagi gladhen utawa durung tau munggah panggung, akeh-akehe ngalami dhemam panggung/ndredheg. Carane kanggo ngilangi rasa ndredheg mau kanthi unjal ambegan landhung kaping telu.

 

III.    Paugeran nalika maca geguritan, yaiku:

1.  Wicara: pocapan yaiku dhong-dhinge swara. Pamacane geguritan, pocapan (lafal) kudu cetha, ora kena groyok, rangu-rangu. Kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener. Pocapan kang teteh lan cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung, pupaya benér anggone maca geguritan.

2.  Wirama (irama/lagu) munggah-mudhun swara, banter alon, lan cetha utawa samar nalika maca geguritan.

3.  Wirasa (penghayatan) kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu.

4.  Wiraga yaiku patrap (sikap) obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan.

 

Kagatekna tuladha geuritan ngisor iki:

Dayaning Pustaka

dening: Sri Winarti

Pustaka minangka cendhelane donya,

korining ngelmu lan pangawikan,

sanajan wujude ora mingsra,

nanging duwe daya,

agawe wasis, lantip, lan pana,

pustaka bisa dadi obor lan pepadhang,

dadi pandoming agesang,

dadi teken tumuju gebyaring panyawang,

murih wegig lan manjila,

murih jembar ing wawasan,

cecepen saliring pangawikan

kang kaemot ing kapustakan,

kabeh gegayuhan bakal kasembadan,

cedhak ing kamulyan lan kabagyan,

yen kuwagang mbabar seserepan.

(Djaka Lodang no 06 tanggal 11 Juli 2015)

Kawruh basa

Teges tembung

Tembung

Tegese

Pustaka

Buku

Korining

Lawang

Pangawikan

kawruh, seserepan

ora mingsra

ora apik

Wasis

Pinter

Lantip

Pinter

Pana

ngerti, paham

Pandoming

piranti kanggo nyumurupi arah

Panyawang

pandeleng

Wegig

pinter, kendel

Manjila

pinunjul

Dicecep

diombe sethithik

Saliring

sakabehe

Kaemot

kapacak

Gegayuhan

cita-cita

Kasembadan

kelakon

Kuwagang

Kuwat

Seserepan

kawruh

 

 

IV.    Nulis Geguritan

Geguritan iku kalebu puisi Jawa gagrag anyar, amarga ora kaiket ing paugeran kaya tembang, dene endahing geguritan iku dumunung ing;

1. Endahing ukara kang cocog karo isining karangan.

2. Pilihan tembung-tembung kang mentes lan pantes.

3. Nggunakake wirama lan basa (purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan sapanunggalane).

Geguritan iku salah sawijining asil kasusastran Jawa modhern. Sapa wae bias gawe geguritan. Nganggit utawa ngarang geguritan iku bisa wujud ngandharake (mahyakake) pengalaman pribadi utawa nyritakake kahanan kang tinemu ing masyarakat, utawa panguripaning manungsa ing alam donya manut jaman kelakone.

Gawe geguritan sejatine gampang, ananging akeh kang kudu digatekake supaya nengsemake nalika diwaca lan gampang dipahami. Carane gawe geguritan urut-urutane kasebut ing ngisor iki:

1. Nemtokake tema utawa underaning gagasan.

Pilihen tema sing dikarepake minangka paugeran sajrone gawe geguritan supaya luwih nengsemake. Tema geguritan akeh banget. Sabisa-bisane pilihen tema sing banget nengsemake. Sawise nemtokake tema, sabanjure nemtokake irah-irahan sing ana sambung rapete karo tema.

2. Nemtokake tembung wigati (kata kunci)

Sawise nemtokake tema, sabanjure yaiku nemtokake tembung wigati lan sabanjure mekarake tembung kasebut. Upamane menawa underaning gagasan musibah banjir, sabanjure yaiku nggolek tembung wigati sing ana gegayutane karo musibah banjir kasebut upamane: keli, wedi, bubrah, mblasah, musibah, musna, ilang, lan sapanunggalane.

Tembung wigati kasebut nduweni teges sing raket gayutane karo musibah banjir. Menawa tembung wigati kasebut wis dirasa cukup kanggo miwiti gawe geguritan sabanjure kari ngrembakakake dadi ukara utawa gatra geguritan. Upamane tembung wigati siji digunakakake kanggo salarik. Bisa uga satembung wigati dadi sapada (sak bait).

3.  Migunakake lelewaning basa

Nulis geguritan nggunakake lelewaning basa, kayata; pepindhan, paribasan, sanepa, wangsalan lan sapanunggalane.

4. Ngrembakakake geguritan saapik-apike.

Sabanjure ngrembakaake tetembungan dadi geguritan kang endah. Tatanen tembung-tembung dadi sawijining geguritan sing utuh lan ana maknane.

5. Geguritan iku kudu ringkes mentes lan uga endah. Pilihen tembung sing pas sing bisa makili kaendahan lan uga teges kang mentes. Supaya rerangkening tembung ing geguritan katon endah, bisa migunakake purwakanthi.

Purwakanthi/runtuting peranganing(bagian) tembung ana warna 3 yaiku:

1. Purwakanthi guru swara

Tuladha purwakanthi swara:

ana sega ana upa (runtuting swara a)

gemi, setiti, ngati-ati (runtuting swara i)

2. Purwakanthi guru sastra

Tuladha purwakanthi sastra:

ririh ruruh rereh (runtuting konsonan r lan h)

bibit, bobot, bebet (runtuting konsonan b lan t)

3. Purwakanthi guru basa/lumaksita (runtuting tembung)

Tuladha purwakanthi lumaksita:

para mudha, mudha mudhining nagara (runtuting tembung mudha)

bayem arda, ardane ngrasuk busana (runtuting tembung arda)

Referensi: Kartika Basa Kelas VII


Yen wis rampung mahami materi, banjur garapen Penilaian Pengetahuan ngisor iki: