thumbnail

MATERI WULANGAN 3 CERKAK KANGGO KELAS VIII

 

CERKAK


Cerkak cekakan saka tembung crita cekak. Cerkak yaiku crita gancaran kang ngandharake sarining kadadean utawa lelakon saka wiwitan tekan pungkasan kanthi cekak. Cerkak mung nyaritakake saperangan uripe paraga. Cerkak uga mung nyaritakake saparaga lan sakadadean. Saperangan uripe paraga dicaritakake kebak pradondi/konflik, kadadean kang nyenengake, utawa gawe sedhih kang angel dilalekake. Cerkak mujudake karangan kang fiktif. Isi cerkak padhet lan ringkes, critane mung saikeplasan wae, diwaca sepisan suwene 20-30 menit rampung.

Titikane (ciri-ciri) cerkak:

  1. Isine cekak, amung sakeplasan wae (diwaca utawa dirungokake sapisan langsung tamat).
  2. Caritane fiktif (karangan).
  3. Paragane mung sethithik.
  4. Alur mung tunggal/siji.
  5. Isine ngemot pitutur, panyaruwe (kritik), piweling lan pasemon.

Tuladha cerkak:

Swarga Impen



Lukisan Taj Mahal sing wis takwiwiti dhek Minggu kepungkur durung wae rampung Embuh iki, aku lagi kena lara aras-arasen. Saben dina gaweyanku mung nongkrong turu, karo ndeleng tivi

Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e.. neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah ldaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Apa maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.

"Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa?" grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!

Omahe gedhe-gedhe, apik lan katon kerlap. Ruwang tamune kaya panggo presiden nampa tamu negara. Tenan! Kamar paturonane, jembar ngluwihi omahku sapekarangan. Lha piye, ing jero kamar ana meja kursi lengkap, kamar mandi. Niku durung kolam renange, banyune biru katon kinclong-kinclong.

"Kuwi omahe sapa Mas Gondo?" pitakone Tanto bocah cilik tanggaku. Merga anggonku nyawang tivi, aku nganti ora weruh yen ana bocah melu-melu nyawang gambar omah apik mau.

"Kuwi dudu omah, kuwi swarga," wangsulanku karo ngulu idu.

"Ana ngendi manggone?" sajake Tanto durung ngerti karo wangsulanku.

"Embuh, wong aku durung tau mrana!"

"Aku pengin mrana, Mas Gondo!"

"Lha wong swarga kuwi panggonane wong-wong sing wis mati, sing ora duwe dosa!" aku njur nerangke. Tanto mung plonga-plongo ngrungokake wangsulanku, embuh dheweke ngerti opo ora.

Gara-gara ndeleng acara Rumah ldaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.

Nalika bocah cilik Tanto teka maneh arep melu ndeleng tivi, dumadakan aku nemu idhe.

Tan, dolan wae yuk!" pangajakku.

"Nyang ngendi, Mas? Ancol" bocah cilik kuwi seneng.

"Huuu... Ancol kurang sip, panas-panas ngene!

"Lha nyang ngendi Iho?"

"Nyang puncak wae, yuk! Neng kana kuwi kepenak banget, hawane adhem, kaya neng swarga."

Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dhewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.

Tanto takon wae, apa puncak isih adoh. Aku kudu ngguyu, jeneh tekan saka Kebon Jeruk wae durung. Ya kaya ngene iki yen kepingin weruh swarga, kudu kangelan dhisik.

Kudu sabar nunggu giliran liwat. Kok ana wae wong sing numpak mobil. Marahi ndalan kebak wae!

"Mas Gondo, apa swarga kuwi apik tenan? pitakone Tanto mbuyarake esemku.

"Ya mesthi wae, ora ana tandhingane, lah!" wangsulanku.

Wong apik, yen mati mesthi menyang swarga?" Tanto takon maneh.

"lya!" jawabku mantep.

"Kepingin apa wae klakon?"

"lya!"

"Pingin mangan enak terus, klakon?"

"Mesthi!"

"Manggon nang omah apik kaya ning tivi kae bisa?"

"Wis ta, pokoke ora ana tandhingane. Neng kana kuwi sembarang wis cumepak, butuh apa wae ana. Ora usah kangelan. Ora ana wong mlarat, ora ana wong kere!"

Mbok menawa dheweke mbayangake saumpama ana swarga, ndah iya senenge. Karo mesam-mesem, Tanto wiwit ngantuk, merem.

Puncak isih adoh. Dalane isih rame, ngarep macet maneh. Kebangeten, saben dina kok macet wae. Ngarepku ana mobil BMW sing sopire metu, nesu-nesu karo nuding-nuding sopir liya sing sajake nyenggol bodi BMW-ne sing mulus. Kapokmu kapan, batinku. Mobil apik kok dipek dhewe.

Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang dalan nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.

Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo oncat.

"Mas Gondo, apa iki wis tekan?"

"Durung," wangsulanku alon.

"Mesthine iki rak dudu swarga? Jarene swarga endah banget?"

"Dudu, Tanto iki dudu swarga. Neng swarga ora ana wong sing nesu-nesu, tukaran, ora ana bom!" Saka dhasare atiku, kanthi tulus aku ndonga supaya Tanto nemokake warga sing semesthine, swarga sing diimpekake. Banjur peteng ndhedhet, ora ana swara.

Jakarta, Januari 2003

Kapethik saka "Trubus saka Pang Garing

Pangubahan sak perlune dening Refano Pradana

Unsur Intrinsik

A.    Tema: Swarga Dunya

B.     Latar: Latar Panggonan, Omah lan Ndhalan Kutha Jakarta

Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e.. neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah ldaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki...

Tanto seneng banget, dheweke mlayu mulih. Aku dewe salin kaos thok. Ora suwe aku lan Tanto wis melu dheseg-dhesegan dhempet-dhempetan karo mobil gilap ing ndalan kutha Jakarta.

C.     Latar wektu, Sore

Pas wayah sore, pas lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e... neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah ldaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.

D.    Latar Suasana, Trenyuhake, Tegang

Sopir BMW isih nesu karo nuding-nuding. Aku isih fokus nyawang nang dalane nalika dumadakan ana cahya kumilat disusul swara gumlegar lan sopir sing nesu-nesu mencelat, geni ing ngendi-endi. Aku isih kelingan sakdurunge mobil sing taksetiri katut kedilat geni. Bom.

Aku ora mikir apa-apa kajaba mung kahanane Tanto sing takrungkebi. Embuh piye. Aku ora wani melek. Anane mung rasa panas sing kliwat, lan aku ora duwe daya kanggo oncat.

E.     Paraga lan watak:

1. Mas Gondho: Males, Gampang meri. Bisa dibuktikake saka pethikan Cerkak kasebut:

Lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e...neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah ldaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Opo maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki..

2. Tanto: Polos, gampang pracaya.

Bisa dibuktikake pethikan Cerkak iki:

"Kuwi dudu omah, kuwi swarga," wangsulanku karo ngulu idu.

"Ana ngendi manggone? sajake lanto durung ngerti karo wangsulanku.

"Embuh, wong aku durung tau mrana!"

"Aku pengin mrana, Mas Gondo!"

F.      Alur: Maju, nyeritakake kedadeyan pengalamane Mas Gondo

G.    Pamawasing Pangripta: Uwong ketelu sing perane kanggo pengamat.

Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak iki;

Gara-gara ndeleng acara Rumah ldaman, lukisan Taj Mahal tansah durung rampung, saben aku nyawang fotone Taj Mahal kanggo model lukisanku angenku tekan ngendi-endi. Taj Mahal endah banget, kaya swarga.

H.    Piwulang: Dadi wong ojo gampang meri kudu duwe usaha

Bisa dibuktikake saka penggalan Cerkak kasebut, lagi wae rada sregep, nyandhak kanvas, e.. neng tivi ana gambar omah apik-apik ngono kuwi, acara Rumah Idaman. Yen mripatku nyawang sing apik-apik ngono kuwi, lali karo gawean. Apa maneh aku ndeleng tivi ing njero omahku iki.

"Omah kok apike ora ilok kaya ngono kuwi, sing manggon apa ya manungsa? grenengku. Lha piye, sing kaya ngono kuwi aku durung tau weruh kok!

I.       Basa: Basa cerkak kasebut kelebu ngoko lugu

 

Nilai Moral saka Cerkak "Swarga Impen" Kapethik saka "Trubus Saka Pang Garing

1. Aja gampang meri.

2. Dadi siswa kudu sregep sinau.

3. Tatag ngadhepi pepalang.

4. Wani rekasa kanggo ngadhepi gegayuhan.

Bebasan kang ana sesambungane karo crita cekak "Swarga Impen

1. Aja Melik Nggendhong lali.

2. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.

3. Sapa temen tinemu.

4. Jer basuki mawa beya.

 

 

Kapethik saking:

Kartika Basa VIII




Yen wis rampung anggonmu mahami bahan ajar  ing dhuwur, banjur wangsulana pitakonan ngisor iki nggunakake basa krama(wangsulan ditulis ing buku tulis):
1. Apa kang aran cerkak kuwi?
2. Katerangna titikane cerkak!
3. Sapa wae paraga kang ana ing cerkak 'Swarga Impen' lan kepiye watake?
4. Piwulang apa kang  bisa dijupuk saka cerkak 'Swarga impen'?
5. Katerangna latar saka cerkak 'Swarga Impen'!
6. Apa wae nilai moral saka cerkak 'Swarga Impen'?
7. Katerangna tanggapanmu babagan cerkak 'Swarga Impen'?




thumbnail

MATERI WULANGAN 3 KELAS 7 CANGKRIMAN

 

WULANGAN 3 KELAS 7

CANGKRIMAN



Cangkriman

Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa dibedhek utawa dibatang.

dibedhek.

Wujude cangkriman

1.      Cangkriman wancahan tembung yaiku cangkriman kang wujud cekakan saka tembung-tembung.

Tuladha:

  1. tongyong rengreng

Bedhekane                  : gotong royong bareng-bareng

Pitutur                         : gotong-royong

  1. burnaskopen

Bedhekane                  : bubur panas kokopen

Pitutur                         : sareh, ora kesusu

  1. wiwawi teles badhonge

Bedhekane                  : uwi dawa wite, tales amba godhonge

Pitutur                         : kawruh bab tanduran

2.      Cangkriman Irib-iriban yaiku cangkriman kang bedhekane ngemu surasa irib-iriban utawa emper-emperan(kaya dene).

Tuladha:

  1. Sega sakepel dirubung tinggi

Bedhekan                    : salak

Pitutur                         : panglipur

  1. Pitik walik saba meja

Bedhekan                    : sulak

Pitutur                         : panglipur

3.      Cangkriman Blenderan/Plesedan

Tuladha:

a.       Bakule krambil dikepruki

Bedhekan                    : sing dikepruke krambile

Pitutur                         : panglipur

  1. Tulisan Arab macane saka ngendi1?

Bedhekan                    : alas

Pitutur                         : panglipur

4.      Cangkriman awujud tembang

Tuladha:

  1. Pocung

Bapak pocung yen enom klambine gadhung

Yen wis rada tuwa

Si pocung klambine kuning

Tuwa pisan si pocung klambine abang

Bedhekan              : mlinjo

Pitutur                   : panglipur

 

Bapak pocung dudu watu dudu gunung

Dawa kaya ula

Ancik-ancik wesi miring

Lunga teka si pocung ngumbar suwara

Bedhekan              : sepur

Pitutur                   : panglipur

 

Bapak pocung cangkemu marep mandhuwur

Sabamu ing sendhang

Pencokanmu lambung kering

Prapteng wisma si pocung muntah guwaya

Bedhekan              : klenthing

Pitutur                   : panglipur

 

Bapak pocung dudu watu dudu gunung

Sangkamu king Plembang

Ngon-ingone sang bupati

Yen lumampah si pocung lambeyan grana

Bedhekan              : gajah

Pitutur                   : panglipur

 

  1. Gambuh

Kulite sungsun-sungsun

Jroning kulit wonten rambutipun

Jroning rambut wonten untu padha baris

Jroning untu iku balung

Jroning balung iku kopong

Bedhekan              : jagung

Pitutur                   : panglipur

 

  1. Nyata kowe wasis, sis

Batangen sing gelis, lis, lis, lis...

Cangkriman telu iki.

Jangkrik sungutslawe, batangane apa,

Manuk ndhase telu batangane apa,

Bapak demang, mang klambi abang, bang, bang

Disuduk manthuk-manthuk...

Batangane : sungute sakgedhene lawe,

manuk endhase kebuntel wulu,

tuntut

 

5.      Cangkriman awujud ukara wantah

Tuladha:

  1. Sing cendhek dikedhuki, sing dhuwur diurugi

Bedhekane      : timbangan

Pitutur             : panglipur

  1. Anake diidak-idak, mbokne dielus-elus.

Bedhekane      : andha

Pitutur             : panglipur


 

TUGAS:

Yen wis rampung maca lan mahami bahan ajar ing dhuwur, banjur garapen pitakon ing ngisor iki, wangsulan ditulis ing buku tulis:

1.      Katerangna kang aran cangkriman!

2.      Wujud cangkriman ana? Kasebutna!

3.      Wenehana telu tuladha cangkriman wancahan lan bedhekane!

4.      Golekana bedhekan/ batangan saka cangkriman ngisor iki:

a.       Pitik walik saba meja

b.      Mboke loro anake siji, mboke telu ora duwe ana

  1. Tulisan Arab macane saka ngendi?

d.      Anake diidak-idak, mboke dielus-elus

5.      Wenehana telu tuladha cangkriman blenderan lan katerangna batangane!

6.      Katulisna sawijining tuladha cangkriman wujud tembang lan uga bedhekane!